Rabu, 05 Februari 2025

Pujangga Ranggawarsita Purnakarya.

Administrator
Kamis, 02 Januari 2025 23:03 WIB
Pujangga Ranggawarsita Purnakarya.
Ist
Halomedan.com | Pujangga Ranggawarsita Purnakarya.

Purwadi,
Ketua Lokantara

Pagelaran wayang dalam rangka mangayu bagya.
Persembahan untuk Bapak Drs Sumarsono.
Senin 30 Desember 2024 jam 15 sore.
Sanggar Bandung Bondowoso, Gondangan Jogonalan Klaten.

Sinopsis cerita.
Pujangga Raden Ngabehi Ranggawarsita resmi pensiun. Purnakarya sebagai guru lembaga pendidikan. Kraton Surakarta memberi tanda penghormatan.

Lakon ini disusun sesuai dengan pakem caking pakeliran. Disuguhkan tembang macapat.

1. Jejer Kraton Surakarta. Wayang Rama, parekan, Udawa, Setyaki, Prabawa.
2. Kedhatonan Cangik Limbuk.
3. Paseban Jawi gunung kumukus. Wayang raksasa dan dhemit.
4. Pertapan Palar. Wayang Abiyasa, Abimanyu, Cantik, Semarang, Gareng, Petruk, Bagong.
5. Perang kembang.
6. Jejer Kadipaten Klaten.
7. Perang brubuh.
8. Pamungkas.

Macapat Purnakarya

1.
Dhandhanggula

Linambaran puji pangastuti,
Bapak Sumarsono purnakarya,
Sagung cantrik sami ndherek,
Suka sukur pisungsung,
Sanggar seni tumangkar becik,
Nggulawenthah budaya,
Gumreget gumregut,
Bandung Bondowoso gregah,
Dimen wasis tatas titis samukawis,
Nusantara kuncara.

2.
Mijil

Wusnya purnakarya saking ISI,
Sedyane gumolong,
ing Gondangan Jogonalan tlatah klaten,
Bandung Bondowoso sanggar seni,
Terus nguri uri,
Srana wulang wuruk.

3.
Gambuh

Budaya adi luhung,
Angrembuyung katon sarwa agung,
Amemetri kagunan kang edi peni,
Maju laju sanggar Bandung,
Jangkah langkah wus kelakon.

4.
Pucung

Pra pengurus mudha mudhi ijo mupus,
Bandung Bandawasa,
Sanggar buka siyang ratri,
Gendhing ladrang gladhen lancaran ketawang.

5.
Kinanthi

Kagunan unggul pinunjul,
Sinau murih lestari,
Runtut nuting paugeran,
Wejangan leluhur nguni,
Pakem gendhing titi laras,
Sanggar Bandung amemetri.

6.
Asmarandana

Tata cara ajar gendhing,
Gadhah kajad mengku niyat,
Tumrap wiyaga pesindhen,
Lenggahe eca sekeca,
Wigatekna pamulangan,
Pirantine sanggar Bandung,
Prayoga sami rumeksa.

7.
Megatruh

Ngudi kawruh tekad wutuh tanggap tangguh,
Sanggar Bandung nyembadani,
Gamelan wayang ing panggung,
Tumata anggelar kelir,
Gathuk mathuk yen katonton.

8.
Durma

Pilih latih pedhalangan karawitan,
Macapat laras gendhing,
Lagon panembrama,
Sandiwara kethoprak,
Laras madya binangun becik,
Tembang ngumandhang,
Sanggar kang handayani.

9.
Pangkur

Pak Marsono paripurna,
Mungkur saking pakaryane negari,
Tata titi tatag tutug,
Kagem tepa tuladha,
Sanggar Bandung gelis enggal sinengkuyung,
Lumampah sangsaya endah,
Yasa seniman mumpuni.

10.
Sinom

Kalamangsa pasamuan,
Mapan aneng sanggar seni,
Sigrak gunyak penak jenak,
Pasugatan mbanyu mili,
Rembag kagunan adi,
Gancar lancaring panemu,
Jinurung kadang mitra,
Guyub rukun tambah waris,
Sambung sambang caket raket srawung sawang.

11.
Maskumambang

Laras laris payu laku manis aris,
Sanggar Bandung Bandawasa,
Kaloka mangka pamardi,
Wibawa bagya widada.


Senin Legi,
Purwadi

Ayo baca konten menarik lainnya dan follow kami di Google News
Sumber
:
SHARE:
Tags
Berita Terkait
Komentar
Berita Terbaru